Alamate Anak Sholeh

Alamate anak sholeh iku papat

Ba’dane mu’min anut ing syari’at

Kang dingin lisane alus ngendikane

Kapindo mulyaaken ing wong tuone


يَارَسُوْلَ اللهِ سَلَامٌ عَلَيْكَ , يَارَفِيْعَ الشَّانِ وَالدَّرَجِ

عَـطْفَةً يَّاجِـيْرَةَ الْعَلَمِ , يَااُهَيْلَ الْجُوْدِ وَالْكَـرَمِ


Kaping telu aseh ing bocah cilik –cilik

Ugo marang sedulur... gawe becik

Kaping papat ngamal anut ing ilmune

Dadi tanggung jawab ora ngawulane


يَارَسُوْلَ اللهِ سَلَامٌ عَلَيْكَ , يَارَفِيْعَ الشَّانِ وَالدَّرَجِ

عَـطْفَةً يَّاجِـيْرَةَ الْعَلَمِ , يَااُهَيْلَ الْجُوْدِ وَالْكَـرَمِ


Iku saking ngulama, aweh pitutur

Alamate bocah... dadi jujur

Mugo-mugo kito biso ngelampahi

Dunyo akherat ngedohi bilahi


Komentar